Jumat, 30 Agustus 2013
Yèn Rembulane Moblong, Paman Dening I. Kunpriyatno yén rembulané moblong, paman aku kangen sanja menyang plataranmu nggelar klasa sangisore wit gayam jejadhuman karo ngematké swarané bocah – bocah sing padha dolanan yèn rembulané moblong, paman aku kangen ngrungokake gumelegeré guyumu sanadyan sawah lan tegal siji mbaka siji ilang. Sanadyan anak lanang milih ngumbara ing paran suthik ngopèni lemah warisan yèn rembulané moblong, paman aku kangen nyekseni marang keteguhanmu nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi owah – owahané jaman. Kaya watu karang sing ora nate gigrig nantang jumlegurè alun ing satengahé wahudayan
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar